Kamis, 24 November 2011

soal uji mata kuliah evaluasi pembelajaran


SOAL ULANGAN AKHIR SEMESTER GASAL
Kelas : VIII
Semester :1
I.     Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c utawa d minangka wangsulan sing bener!
Wacanen kanthi permati pawarta ing ngisor iki kanggo jawab soal no 1-3!
Basa Jawa Rong Dino Sajroning Seminggu
Ing Surabaya ana angger-angger menawa basa Jawa wajib digunakake tumprap siswa lan guru TK tumeka SMA sa-Surabaya. Program iku diwenehi jeneng Java Days. Tataran basa sing wajib digunake yaiku nggoko, krama inggil, lan dialek Surabayanan.
            Kepala Dinas Pendidikan Nasional Surabaya Sahudi, Senin [7/1] mratelake ancase program kasebut kanggo nggugah rasa andarbeni generasi mudha marang idhentitas budayane. Miturut Sahudi, akeh-akehe bocah saiki wis kelangan unggah-ungguh sarta ora bisa caturan basa Jawa kanthi bener.
Sahudi ngajab program mau bisa lumaku kanthi rancag. Awit satemene siswa-siswa iku wis nampa pelajaran basa dhaerah arupa basa Jawa minangka muatan lokal. Kejaba caturan, murid uga kudu ngetrapake unggah-ungguh minangka tata kramane wong Jawa, upamane sopan santun ing sangarepe guru. Tumprap sekolah sing ora ngecakake program iki ora bakal diwenehi sanksi. Mung wae yen ana sekolah sing kasil ngetrapake program mau kanthi becik otomatis bakal diparingi biji sing apik.
1.    Punjering warta (pokok berita) pada siji saka pawarta ing dhuwur mau yaiku ....
a.       Dinas Pendidikan Nasional Surabaya ngetrapake caturan nganggo basa Jawa tumprap para masyarakat sa-Surabaya.
b.      Dinas Pariwisata Surabaya ngetrapake caturan nganggo basa Jawa tumprap para masyarakat sa-Surabaya.
c.       Dinas Pariwisata Surabaya ngetrapake caturan nganggo basa Jawa tumprap para siswa lan guru TK tumeka SMA sa-Surabaya.
d.      Dinas Pendidikan Nasional Surabaya ngetrapake caturan nganggo basa Jawa tumprap siswa lan guru TK tumeka SMA sa-Surabaya.
2.    Ing ngisor iki kang kalebu ancase program Java Days kajaba...
a.       Kanggo nggugah rasa andarbeni generasi mudha marang identitas budayane.
b.      Kanggo ngenalake kutha Surabaya.
c.       Nglatih caturan basa Jawa lan ngetrepake unggah-ungguh basa Jawa minangka tata kramane wong Jawa.
d.      Nglestarekake basa Jawa.
3.    Kepriye tumparap sekolah sing ora ngecakake program Java Days?
a.       Diwenehi sanksi
b.      Ora diwenehi sanksi
c.       Diparingi biji sing apik
d.      Kepala sekolahe diukum
Wacanen geguritan ing ngisor iki kanggo jawab no 4 nganti 7
GELENGING TEKAD
dening : Subagyo IN
Pedhut nggameng aneng pucuking arga
Nutup soroting surya ing wanci enjing
Mbudidaya kanthi sakehing tenaga
Sang Bagaskara ywa nganti aweh pepadhang

Ning Sang Hyang E weruh ing kawajiban
Sigra nempuh barisaning pedhut gunung
Pepalanging laku ginempur lawaran
Satemah embun kandel tapis linundhung

Tan prabeda lawan tekade bangsaku
Kang ngugemi marang kamardikan
Tan mreduli cacah pepalanging laku
Kabeh dinuwa kanthi kawicaksanan

Gelenging tekad gineleng dadi sawiji
Mbangun nagara mendireng pribadi

4.    Pitutur kang bisa dijupuk saka geguritan ing dhuwur yaiku ...
a.       Mbangun negara kuwi kawajibane waga negara lan kudu kanthi gelenging tekad ora peduli akeh pepalang.
b.      Mbangun negara kuwi kaya pedhut sing ana ing dhuwur gunung.
c.       Yen pengen negarane mardika kudu pinter lan sregep.
d.      Kawicaksanan lan kapinteran kuwi penting kanggo negara mardika kayata Indonesia.
5.    Miturut geguritan ing dhuwur, apa kang katutup pedhut ing wanci esuk?
a.    Arga                                                                c. Sang bagaskara
b.    Sang surya                                                       d. Satemah embun
6.    Sang Bagaskara ywa nganti aweh pepadhang
Tembung bagaskara padha tegese karo tembung ....
a.       Srengenge                                                       c. Lintang
b.      Bulan                                                               d. Langit
7.    Pedhut nggameng aneng pucuking arga
Tembung arga padha tegese karo tembung ....
a.       Srengenge                                                         c. Gunung
b.      Langit                                                               d. Alas


 Gatekna pacelathon ing ngisor iki!
Pak Darsan   :
“Kepriye mau sekolahmu to? Apa wis krasan ana ing sekolah sing
 anyar?”
Sarjito          :
.....................
Pak Darsan   :
"Oh ya syukur nek wis duwe kanca, dadi ora suwe olehmu adaptasi."
Ukara kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ....
a.         “Alhamdulillah sae pak, malah kula sampun gadhah kanca enggal.”
b.        “Alhamdulillah sae pak, malah kula sampun gadhah rencang enggal.”
c.         “Alhamdulillah sae pak, malah kula sampun gadhah kanca anyar.”
d.        “Alhamdulillah sae pak, malah aku sampun gadhah kanca anyar.”

Wacanen cerkak ing ngisor iki kanggo jawab no 8-11.
Kania
          Karo mlerak-mlerok nyepetake lakune, malah saking cepete meh nabrak kancane sing pating bedajig ing ngarep lawang kelas. Sing meh ditabrak padha cengengesan. Malah ana priya sing sengaja mbasang amrih bener-bener ketabrak.
          “Kowe iki, lho!” bengoke Kania
          “Ngamal sithik ngono lho!” celathune Bejo mbebeda.
          “Enak kowe, rugi aku,” wangsulane Kania.
Tangane Bejo pancen ngglithis karo ngguya-ngguyu njawil awake Kania.
          “Aja kaya ngono ta, Jo. Dakaturake Bu Tiwi, kowe.”
“Kandhakna! Malah kebeneran awake dhewe sisan dijodhokake”. Tembunge Bejo saya nyelelek kaya ora duwe wedi babar pisan.”
“Kowe edan, kok Jo!”. Celathune Kania karo nyingkirake tangane.
“Wis suwe aku kedanan kowe, awakmu kang ayu lan memel tansah ngodha atiku.” Wangsulane Bejo karo ndhaplangake tangane.
“Yen edan aja nang kene, Jo! Ning Pedurungan kana, apa ning Magelang sing hawane rada seger”.
“Yen ana Magelang aku ora sida edan, lha sing tak edani ana kene”. Panyaute Bejo.
Ora suwe keprungu bel mlebu. Kania katon sumringah bisa uwal saka panggodane Bejo.
8.    Sapa paraga utama ing cerkak dhuwur iku?
a.    Bu Tiwi                                                           c. Kania
b.    Bejo                                                                 d. Aku
9.    Kepriye watake paraga utama ing cerkak dhuwur iku?
a.     Galak, ora seneng karo watak ngglithis
b.    Pinter, luhur bebudene
c.     Ngglithis,galak
d.    Pinter, ayu, kemlithi
10.                        Sapa wae paraga ing cerkak dhuwur iku?
a.       Kania, Bejo
b.      Kania, bu Tiwi
c.       Kania, Bejo, Bu Tiwi
d.      Bejo, Kania, wong edan
11.         Undering wacan cerkak ing dhuwur yaiku?
a.       Kania lan Bejo didhawuhi bu Tiwi
b.      Kania didhawuhi bu Tiwi
c.       Bejo diece Kania
d.      Kania dicegat Bejo

12.                       
KURSUS
Jl. Mawar 31 Ungaran
-          Gawe Bonsai
-          Rental Kembang
-          Gawe kompos, lsp

 




                                                                  
Iklan ing dhuwur nawakake kursus ing babagan ....
a.       Tetedhan                                             c. Reparasi
b.      Kasarasan                                            d. Tetanen
13.    Para pamiyarsa, sugeng ndalu lan sugeng pepanggihan malih kaliyan kula Sugeng Suparna wonten ing giyaran kuthane dhewe.
  Pawarta ing dhuwur kasiyarake lumantar….
a.       Radio                                                  c. kalawarti
b.      Tv                                                        d. tabloid
14.    Budi       : “....?”
Pak Joko : “Arep menyang toko Maju Tani, tuku rabuk kandhang.”
Ukara pitakonan Budi kang trep miturut unggah-ungguh yaiku ....
a.       Pak Joko tindak pundi badhe nitih menapa?
b.      Pak Joko sajak kesesa badhe madosi menapa?
c.       Pak Joko badhe tindak pundi lan badhe menapa?
d.      Pak Joko menapa sampun tindak mundhutaken rabuk?
15.    Tembung prayoga kang nduweni teges “becike” yaiku ....
a.       Prayoga nembe ningali ringgit purwa.
b.      Gandheng sayah, prayogane leren dhisik.
c.       Omong saru boten prayoga kangge siswa.
d.      Kakange prayoga dereng dipunsunat.

16.    ?p+auj+n\Af+ngMbHi=mu[sol.
si+=lgiAf+nYaiku ....
a.    p+auj+n\               c. mu[sol
b.    musLimh                  d. p+auji
17.    ?I[nDo[nsiyhlgime/fiktaun\;1945;.
I[nDo[nsiyhlgime/fiktaun ….
a.  ;1928;                c. ;1945;
b. ;1935;                d.;2011;

 Wacanen pethikan laporan ing ngisor iki,banjur isenana ceceg-ceceg nganggo ukara kang trep kanggo ngisi soal no 18-21!!
                                                                   ...........(18)
          Museum Radya Pustaka ing Surakarta, Jawa Tengah mujudake sawijining museum sarta perpustakaan paling ...... (19) kang didegake dening wong Jawa. Museum Radya Pustaka kang nalika didegake sepisanan jenenge “Paheman Radya Pustaka” iku madeg nalika dina Selasa kliwon 15 Mulud Ehe 1829 utawa tanggal 28 Oktober 1890 nalikane panguwasa Kraton Surakarta....... (19)dening  Susuhunan Paku Buwono IX.
          Sing ..... (20) madege museum yaiku KRA Sosrodiningrat IV kang wektu semana kagungan penggalih minangka pepatih Dalem Kraton Surakarta. KRA Sosrodiningrat kang uga kawentar kanthi ..... (20) Kanjeng Ngendraprasta iku mujudake sawijining ahli kaprajan kang gedhe banget kawigatene marang budaya Jawa. Kanggo ......(21) lelabuhane kang gedhe iku, ing satengahe museum banjur dipasang patung KRA Sosrodiningrat IV asli ...... (21)seniman Kraton Surakarta, Ngabehi Wingnyosuwarno.

18.     
a.    Museum Radya Pustaka                   c. Kraton Surakarta
b.    Museum                                            d. KRA Sosrodiningrat IV
19.     
a.    Tuwa,dicekel                                    c. Tuwa,kaasta
b.    Suwe,kaasta                                      d. Suwe,dicekel
20.
a. ngasta,jeneng                                     c. Diasta,jeneng
b. kaasta,asma                                        d. ngasta,asma
21.
a. pengetan,gaweane                             c. Pengetane,gawean
b. mengeti, gaweane                              d. Mengeti, gawean
Wacanen crita wayang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no 22-25!
Mitra Sejati
          Prabu Dasarata, ramanipun Rama kagungan mitra kenthel ingkang asma Jatayu. Nalika Jatayu nyumurupi Sinta, garwanipun Ramawonten alas kadusta dening Rahwana piyambakipun enggal-enggal mitulungi. Peksi Jatayu ngrebat Sinta nanging boten dipunkukuhi Rahwana, malah Jatayu asor ing yuda, swiwinipun sengkleh.
          Sinta dibeta dateng Alengka dening Rahwana lan dibujuk supados purun garwa dening Rahwana, nanging Sinta boten purun amargi tansah kengetan Rama. Rahwana banjur murka lajeng dhawuh supados Sinta kajagi dening raseksi-raseksi galak saha ngajrihi.
          Dene ing papan sanes Rama tansah duka amargi boten manggih Sinta wonten ing alas wau.  Rama duka sanget nanging saged dipun lelipur kaliyan Lesmana, rayinipun saengga saged lilih. Kekalihipun lajeng madosi Sinta.
Ing samadyaning margi Rama lan Lesmana panggih Jatayu. Sanadyan menggah-menggeh badhe koncatan nyawa, Jatayu taksih saged matur menawi Sinta kadusta dening Rahwana kabekta dhateng negari Alengka.
Rama maturnuwun sanget dhateng Jatayu. Sasampunipun ngreksa layonipun Jatayu, Rama lan Lesmana nglajengaken lampah. Ing madyaning lampah wonten ingkang paring pamrayogi supados Rama lan Lesmana nyuwun pambiyantu dhateng rajaning wanara aran Anoman. Rama lan Lesmana lajeng sarujuk.
22. Tembung kang kacetak miring yen dibenerake dadi ....
a.       Dipungarwa, pinanggih,manggihaken
b.      Dipunestri,manggihaken,panggih
c.       Dipungarwa, manggihaken, pinanggih
d.      Dipunestri, manggihaken, pinanggih
23. Sapa wae paraga kang ana ing crita wayang ing dhuwur?
a.       Rama, Sinta, Lesmana, Rahwana, Anoman, Pandu, Jatayu
b.      Rama, Sinta, Anoman, Jatayu, Bima, Janaka, Petruk
c.       Rama, Sinta, Batara guru, Prabu Dasarata, Anoman, Jatayu, Lesmana
d.      Rama, Sinta, Lesmana, Rahwana, Jatayu, Prabu Dasarata, Anoman
24. Kepriye watake Jatayu?
a.       Seneng tetulung
b.      Setya marang ndarane
c.       Seneng gawe perkara
d.      Alus bebudene
25.Menyang endi Sinta digawa dening Rahwana?
a.    Alas
b.    Alengka
c.    Samadyaning margi
d.   Amarta
26. Sapa jenenge adhine Rama kang setya tuhu ngancani Rama?
a.    Lesmana
b.    Sinta
c.    Rahwna
d.   Jatayu
Wacanen wacan ing ngisor iki kanthi permati kanggo jawab soal no 27-30!
Aku duwe simbah yuswane udakara wolung puluh taun, netrane lamur, rikmane putih, talingane nuwun sewu budheg, yen jumeneng samparane gemeter.
Wayah sore simbah ndhawuhi aku nyiram kembang.
“Jon..Jono kembange ing latar kae wis kok sirami durung?” Pandangune simbah marang aku.
“Dereng mbah.”Wangsulanku
“Wis kana gek ndang disirami mengko mundak garing kabeh.” Simbah ndhawuhi aku.
“Mbah taksih jawah deres.”Panyautku.
“Yen udan ya nggawa payung ta, Gus.” Ngendikane simbah sabanjure.
Batinku nggondok ning ya kudu ngguyu kemekelen. Apa ana nyirami kembang sing wis kena udan deres.
27. Wacan ing dhuwur kagolong?
a.     Pawarta
b.    Pengalaman pribadi
c.     Dongeng
d.    Cerkak
28.  Simbahe sapa sing ana ing wacan dhuwur?
a.    Joko
b.    Bayu
c.    Agus
d.   Jono
29.  Simbah ndhawuhi menyang Joko apa?
a.    Nyapu latar
b.    Nyirami kembang
c.    Resik-resik omah
d.   Udan-udanan
30. Crita ing dhuwur kalebu crita sing ....
a.    Njengkelake                                                    c. nyenengake
b.    Lucu                                                                d. sedih

Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo nggarap soal no 31-32!
Kinanthi

Sregepa nggonmu sinau
Dimen bisa tambah ilmu
Ilmu kang duwe piguna
Kanggo gawe urip iki
Tentrem kebak kaslametan
Sabar bisa dadi mukti

31. Pitutur kang bisa dijupuk saka tembang ing dhuwur yaiku?
a.    Yen sregep anggone sinau bisa nduweni ilu kang piguna lan gawe urip tentrem.
b.    Yen sregep sinau bisa gawe sabar
c.    Yen sregep sinau bisa oleh juwara
d.   Yen sregep sinau bisa dadi oleh hadiah

32. Miturut tembang ing dhuwur mau, kareben duwe ilmu kudu apa?
                 a. sregep sinau
                 b. sregep dolan
                 c. sekolah
                 d. golek ilmu
Para sadulur, yen sirah ngelu aja lali ngunjuk puyer 16!
33.
      



Iklan kasebat nawakake ....
a.       Obat                                        c. Tedha
b.      Unjukan                                   d.  Vitamin

Gatekna teks pawarta ing ngisor iki kanggo jawab soal no 34-36!
Para pamiyarsa, sugeng ndalu,
Pepanggihan malih kaliyan kula Arin Drupadi wonten ing giyaran pawarta basa Jawi. Sugeng midangetaken.
Udakara 150 gendera Kraton Ngayogjakarta Hadiningrat diklebetake ana sadawaning dalan kabupaten Gunung Kidul. Gendera mawa gambar kraton Hanggaba werna kuning kuwi diumbulake nganggo cagak pring dilincipi. Ketua pagyupan Gunung Kidul, Suparno ngandarake kumblebeting gendera atusan mau minangka pratandha panyengkuyunge warga marang RUU Keistimewaan Propinsi Yogyakarta kanthi netepake Raja Yogya lan patihe kadadine gubernur lan wakil gubernur.
Miturut Suparno, yen pamarentah pusat tetep ngotot nedya ngowahi keistimewaan Yogyakarta kang salah sijine ora netepake Sri Sultan Hamengku Buwana X lan Paku Alam IX minangka gubernur lan wakil gubernur Yogyakarta, manut Suparno, isih kepingin pasangan Sri Sultan lan Paku Alam dadi gurbernur lan wakil Gubernur.
Cekap semanten atur kula wonten giyaran basa Jawi, pepanggihan malih setunggal jam malih.
34. Pawarta kasebut cocok kagiyaraken wonten?
a.         TV
b.        Radio
c.         Kalawarti
d.        Koran
35.    Apa sebabe gendera Kraton Ngayogjakarta Hadiningrat diklebetake ana sadawaning dalan kabupaten Gunung Kidul?
a.         Ana upacara 17 agustus
b.        Minangka pratandha panyengkuyunge warga marang RUU Keistimewaan Propinsi Yogyakarta.
c.         Minangka pratandha ana grebeg mulud ing Kraton Ngayogyakarta
d.        Putrane Sri Sultan dhaup kaliyan wog biyasa.
36.    Sapa gubernur lan Wakil Gubernur Yogyakarta?
a.         Sri Sultan Hamengku Buwana X lan Paku Alam IX
b.        Sri Sultan Hamengku Buwana XI lan Paku Alam IX
c.         Sri Sultan Hamengku Buwana IX lan Paku Alam X
d.        Sri Sultan Hamengku Buwana XII lan Paku Alam IX
37.    Kula taksih enget gawang-gawang ngantos sakniki.
Tembung gawang-gawang tegesipun ....
a.         Cetha                                                               c. Eling banget
b.        Peteng                                                                         d. Samar-samar
Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi permati kanggo jawab soal 39 lan 40!
Dongane Wong Luwe

Ana dina ana upa
Dhuh Gusti, aku kepingin entuk gawe
Saka kringetku tumetes ing bumi-Mu
Aku kepingin bisa mangan lan ngombe
Ora ana sing krungu jeriting atiku
Menungsa pancen aneh
Nggugu karepe dhewe
Yen luwe ngene aku kelingan Sliramu
Yen wareg limpeg dheleg-dheleg

38.    Yen luwe ngene aku kelingan Sliramu. Ukara iki nduweni teges ....
a.         Manungsa yen luwe kedu golek tetedhan
b.        Manungsa yen luwe kedah nglokro
c.         Manungsa yen urip rekas kelingan Gusti
d.        Manungsa yen bungah kelingan Gusti
39.    Wacan ing dhuwur isine....
a.         Dongane wong supaya oleh pagawean
b.        Dongane wong supaya oleh tetedhan
c.         Dongane wong supaya oleh kasarasan
d.        Dongane wong supaya oleh sisihan
40.    “Dongane wong luwe”. Luwe padha tegese karo ....
a.       Mlarat
b.      Ngelih
c.       Ora duwe
d.      Sengsara



II.      Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.        Tono  : “Bu, kula ajeng njaluk arta!”
Ibu    : “Lho, ana apa sore-sore ngene malah njaluk dhuwit? Arep nonton ya?”
Tono : “Boten, Bu. Kula njaluk dhuwit kangge ongkos kendharaan, sinau ing omahe Badrun.”
Ibu    : “O...sokur yen bakal sinau bebarengan, malah sisan mengko mampira sowan simbah, amarga kowe wis dikangeni.”
Tono : “Nggih bu.”
Benerna pacelaton ing dhuwur nganggo unggah-ungguh sing bener!
2.        ?jene=ku susiwti,akulai/taun;1995;ai=mgel=.
susiwtilai/taun\......ai=......
3.        Suryadi buka bengkel motor kang mapan ana ing Jl.Sudirman No 25 Semarang. Dheweke arep gawe wara-wara supaya bengkele payu, coba gawekna!
4.        Gawenen crita pengalaman pribadi sing lucu paling sithik 3 ukara!
5.                                          Jaman Bebendu
Bawana kang gilar-gilar jembar
Saya pucet tawatan padaya
Wyah uda kebanjiran
Wayah ketiga tetandhuran tandhu panyawa
Temahe manungsa padha nandhang lara
Sedina ora kalebon upa

Jaman bebendu
Anjalari manungsa ora bisa turu
Lindu , longsor
Gunung jebluk, kobongan
Aneng endi-endi
Gawe mirising ati

Geguritan ing dhuwur karepe nyritakake apa, coba critakna nganggo basamu dhewe!



-----SUGENG MAKARYA----

Tidak ada komentar:

Posting Komentar