Kamis, 30 Desember 2010

Pacar Khayalan



Kaya biasane sore iki aku jogging ana ing taman kota , dhewekan amarga Rio kancane sing biasa ngancani aku lagi bali kampung. Mlayu-mlayu ngelilingi lapangan ping telu wae wis gawe awakku kringeten kabeh. Aku banjur leren dhisik ana dingklik taman karo ngombe banyu putih.
Saka kadohan aku ndelokake bocah-bocah wadon kang lagi basketan ana lapangan basket sisih taman, ana bocah siji kang tak delokake terus. Bocah nganggo kaos basket putih kae pancen luwes tenan maine, sanajan perawakane ora kaya atlet nanging maine pinter banget. Aku ndelengake bocah-bocah wadon kae tekan rampung nganti lali yen aku lagi ping telu olehe mlayu-mlayu keliling taman. Aku nyedaki bocah mau nalika dheweke wis arep bali pinuju parkiran.
“Basketmu pinter banget to mbak?”
“Alah...biasa wae kok mas, sampeyan mau ndelengke aku pa?”
“Iyo, luwes banget maenmu”
“He..he...maturnuwun mas”
“Sami-sami neng, eh..kenalke aku Egha”
“Dea”
“Mulih nengdi mbak?”
“Peterongan mas, aku bali dhisik ya, wis sore”
“Iya..iya..”
Awit kedadean kuwi aku kerep ngalamunke Dea, sanajan aku mangerti yen aku iki ya wis duwe pacar. Kadang aku bayangake upama Lisa bisa kaya Dea, pinter basket gayane ya biasa wae nanging katon luwes. Beda bangetlah karo Dea sing senengane shoping ing mall, saba salon saben rong minggu pisan durung maneh perawatan ana ing dokter kecantikan. Ahh...pancen cewek, apa wae penting bisa ayu.
***
Dina iki Lisa ngrayu-ngrayu aku supaya gelem ngancani blanja ana ing mall, wis kena tak bayangake yen ning kana aku bakal dadi kaya bendarane dheweke nyangking kresek pirang-pirang, mlaku ana ing burine lan ngomentari klambi apa sepatu jinjit sing dijajal. Yen aku wis ngomong males, apa “ayo bali” , lagi Lisa sadar marang apa sing dilakoni. Dheweke banjur nawani apa sing tak pengini, aku mung ngomong pingin rokok. Ya pancen udud bisa gawe atiku sing lagi mangkel iki kurang sithik.
Bareng mudhun ana ing lantai dhasar aku weruh Dea pinuju toko alat musik. Ealah... penampilane mono yo ora sesampurna Lisa, mung nganggo celana jins karo kaos komprang nanging kok luwes banget katone. Aku banjur ngetutake Dea lali yen isih duwe tugas ngancani Lisa. Jebule Dea lagi tuku stik drum, wah saliyane pinter basket uga pinter maen drum. Tambah nggemesake wae pancen bocah iki.
“Eh...mas Egha?” Dea nakoni aku kaya rada kaget.
“Dea... kok bisa ketemu ya? Lagi golek apa kowe?”
“Iki mas golek stik, stikku tugel wingi pas gawe latian. La sampeyan golek apa mas kok gawane sakmono akehe?” pitakone Dea karo rada ngguyu ndelokake aku gawa blanjan pirang-pirang kresek.
“Oh... lagi ndelok iki Gitar katon saka njaba kok katon apik, banjur tak deleng saka cedak” jawabku asal sing penting bisa ndeleng Dea batinku.
“Oh...”
“Kowe ya pinter ngedrum to De?”
“Ah...isih biasa kok mas, iki ngesuk bandku arep tampil ana ing festival seni, nonton ya mas?”
“Nengdi De?”
“Gedung Pemuda mas, jam wolu mulaine”
“Oh..iya, insyaallah ya”
“Ok, wis disik ya mas, selak arep latian kanggo tampil sesuk”
“Oh..mangga-mangga nderekake”
Aku metu saka toko bareng kelingan yen aku isih ngancani Lisa blanja, jebul Lisa isih wae nyoba-nyoba klambi awit mau. Ahh.... upama Lisa bisa kaya Dea ya? Seneng olahraga, musik, la wong tak jak jogging wae jare wedi kempole tambah gedhe.
“Yang pantes rak?” pitakone Lisa ngagetake lamunanku.
“Pantes kok, tambah ayu” komentarku ngawur.
“Iki mbak, tak jupuk”
“Oh, ya yank bar iki bali ya, kesel aku”
“OK, siap bos he...he..” jawabku seneng amarga tegese aku bisa cepet-cepet ketemu kasur.
Sakbubare mangan lan ngeterake Lisa aku banjur bali menyang kontraanku, arep turu kareben kesele bisa cepet ilang. Sakdurunge turu kok aku isih wae kepikiran Dea ya? Jan pancen bocah kae kok ya ngebaki pikiranku terus. “Eling Gha, kowe kuwi wis duwe Lisa”  atiku kadang ngomong kaya mangkono.
***
Bengi iki aku pancen wis janji arep ndelok Dea manggung ana ing gedung Pemuda. Jam pitu aku wis budhal saka kontraan selak ora sabar ndeleng Dea nabuh drum. Tekan gedung Pemuda jebul durung rame, malam puncak festival seni iki pancen biasane rame karo band-band bocah nom-noman.
Jam setengah sanga Bandne Dea manggung, katon endah tenan. Sakwise aku banjur mlebu ana buri panggung marani Dea. Ealah jebul Dea kok wis karo jejaka sing katone ya pacare, mesra banget. Tak wurungake niatku mlebu, kanthi langkah sing wis ora semangat aku bali menyang kontraan. Yen tak pikir-pikir kenapa aku cemburu ya? Wong Dea lak ya dudu sapa-sapaku ta?
Aku langsung turu bareng tekan kontraan, ora peduli omongane Rio yen mau Lisa nggoleki. Mau aku pancen ora ngomong Lisa yen arep lunga.
“Kok saiki kowe malah dadi seneng jogging to Lis?”
“He..he...aku kepingin nyenengake kowe to mas, masa aku ngejaki neng mall terus nanging ora tau nuruti pangajakmu hee...he...”
Ah...Lisa wis kaya Dea saiki, aku seneng. Lisa wis gelem melu jogging saben sore, dheweke uga wis asring ngejaki jalan-jalan ning mall.
Deaaa..........!!!!!!!!!!!! aku seneng.
Jebul mau kabeh mung ngimpi, tangi-tangi ning sisihku wis ana Lisa sing isih sesenggukan. Aku dhewe ora mudeng kok ujug-ujug ana Lisa ing sisihku, lagi nangis maneh.
“Gha...taak kira wis cukup semene wae anggonku sesambungan karo kowe”
“Loh..loh...ana apa to Lis, kok ujug-ujug mangkene?” pitakonku kaget.
“Aku wis ning kene awit mau, krungu kowe kok nyebut-nyebut jeneng Dea, sapa ta Dea ki nek ora wong wadon liya, iya ta?”
“Ora kaya mangkono Lis, ora separah kaya sing mbok bayangake..”
“Alah..kakean alesan, wis aku njaluk bubar”
Lisa banjur lunga mulih, aku isih thenger-thenger ana ing kasur. Jebul ngimpi mau gawe pranyata sing ora enak. Dea mung khayalanku, Lisa pacarku sing asli malah lunga saiki wis ngajak bubar karo aku. Goblokk..........!!!!!!