Sabtu, 25 Desember 2010

2010 lan Jodho




Biyen nalika isih cilik aku mbayangake umpama aku wis gedhe aku kepengen kuliah ana jurusan komunikasi lan besuke kerja dadi presenter kaya Putra Nababan utawa Najwa Sihab, presenter favoritku. Apa yen ora ngono ya kuliah ana ing ilmu Fisika lan dadi fisikawan kayata Johanes Surya utawa bisa gawe alat kang bisa mbiyantu kauripan kayata Albert Einsten.
Nanging jebul mau kabeh namung angen sing wis ora bakal bisa kawujud, nyatane saiki aku kuliah ana ing jurusan pendidikan bahasa sing ateges besuke bakal dadi guru sanajan ora nutup kemungkinan aku bisa nylempeng saka jurusanku. “Nyatane tanggaku kae ya malah kerja ning Bank mangka dheweke gelare Spd” ngono pamikirku wis ora cekak maneh yen besuk aku mesti dadi guru.
Tanggal 1 Januari 2011 iki ateges umurku wis ganep 19 taun patang wulan. Wis pirang-pirang kadadean kang tak lakoni ing kauripan iki, nanging prasasat kok kayata mung tumindak ala bae sing akeh tak lakoni. Apa maneh taun 2010 iki, taun nangdi aku sinau marang kauripan kang maneka warna.
Saka kauripan becik karo kanca-kanca pesantren tekan kauripan wengi kang didelok rada ora sedhep wis tau tak lakoni.  Saka bocah wadon alim sing saben dina nutup aurat tekan bocah pank sing nganggone klambi suwek-suwek wis tau tak jajal ning 2010 iki. Saka bocah sing jam sanga kudu wis turu malih dadi bocah yen wengi ora tau turu ya wis tak lakoni ing 2010.
Kabeh kadadean mau kang njalari sakbenere ya mung perkara sepele. Pedoting tali katresnanku karo Dimas kang njalari kabeh mau. Tali katresnan kang wis telung taun iku bubar mung merga Dimas seneng marang kenya liya sing miturute dheweke luwih apik tinimbang aku. Pedoting tresna kang pas karo momen taun baru 2010 kuwi kayata dadi adhedasar uripku ing taun 2010.
Kaping pira bae aku ngapusi wong tuwa yen ning kene aku kuliyah kanthi bener, wong ya asline luwih sregep mbolose tinimbang mangkate. Ora kaya yen dolan mesthi ora tau ketinggalan. Apa maneh dolan wengi kang dadi pakulinanku ing taun 2010 wingi. Sanajan dolan wengi kuwi isine ya mung tongkrongan, ngronde ing Tugu Muda, apa malah ngopi lelet ing Nana Kyut.
Wis pira bae jejaka sing wis tau tak larani ati sakdawane 2010 iki. Awit saka David, jejaka kang kenal saka jejaring sosial sing jenenge “fb” tekan Aji kang malih wedi karo aku amarga aku sing sakepenake dhewe. Miturutku aku iki ya mung kenya kang nduweni paras sing biyasa bae, kuning pancen nanging ora lencir. Banjur apa ta sing ndadeake jejaka-jejaka padha nglirik aku?? la wong saben sewulan sepisan aku ganti pacar, kok ya oleh bae wong sing bisa dipacari malah kadang bisa loro sisan. Aghhh…. Ora mudeng aku.
Nganti tekan pucuking taun aku durung bisa tresna tenan marang jejaka, isih kelingan Dimas bae senajan wonge wis ora keprungu wartane. Wulan November kayata pawayangane Dimas wis saya ora katon nanging malih bayangan jejaka sing nalika jaman kelas 1 SMA biyen wis tau dadi kanca sinau. Satya jenenge, jejaka saka Purwodadi kang kuliyah ana ing Solo kae sing bisa ngguwak pawayangane Dimas saka pikirku.
Prasasat kaya wis manteb tenan karo Satya, aku duwe pangarep-arep yen Satya kuwi bisa dadi sisihanku mbesuk. Nanging sing ning Dhuwur pancen luwih mangerti yen tali katresnanku marang Satya mung cukup tekan tanggal 1 Syura. Maneh –maneh ning taun anyar tali katresnanku pedot, nanging sing iki pedot kanthi apik-apik. Dadi aku isih duwe pangarep-arep yen Satya kuwi bisa dadi sisihanku.
Sapa ta sing ngerti jodo kuwi?
Bisa bae jodoku mbesuk seganteng Vino. G. Bastian apa malah kaya Tukul Arwana.
Bisa bae sesugih kaluwarga Bakrie apa malah urip ning emperan.
Uga bisa bae seganteng lan setenar Irfan Bachdim apa malah mung kuli bangunan.
Bisa bae cekelane setang bunder apa malah mung tukang becak.
Bisa bae seatletis Didi Riyadi apa malah wong kang nandang lemah jantung.
Bisa bae luwih enom saka aku, sejajar apa malah sing sakjane pantes dadi bapakku.
Bisa bae tangga desa, kanca dolan apa malah wong nagari liya.
Bisa bae wis kerep bareng, ketemu sepisan apa malah durung kenal babar pisan.
Ora ana sing ngerti sakliyane Gusti Allah pancen, kabeh kang kedadean ing uripku iki uga kanthi keagungane Gusti. Jodo lan ana apa ing sakwalike 2010 ya mung Gusti Allah kang mangerti. Muga-muga bae 2011 iki aku bisa luwih apik tinimbang 2010.