Sabtu, 18 Desember 2010

Tresnamu ketinggal ing Purwodadi


Rin, mengko tugasmu karo aku blanja kanggo tuku kaperluan ngajar sesuk ya!” parentahe Dika ketua KKN ning poskoku.
“Siph” aku mung jawab sakenane. Sejatine aku ya wis ngerti, Dika mesthi ngejake aku. Didelok saka polatane pancen ngatonake yen dheweke lagi nyedaki aku.
Wis seminggu iki aku KKN ana ing desa Nggeneng Sari, daerah Purwodadi. Manggon ana ing omahe pak lurah, pancen ya ana kepenake ana orane. Kepenake pak lurah ing poskoku wonge isih enom dadi iso mangerteni mahasiswa-mahasiswa jaman saiki kaya apa. Nanging ya kuwi sing uga ndadeake ora kepenak, kadang pak lurah ngejaki aku metu bengi ndadekake aku ora kepenak karo kanca-kanca.
Ing poskoku ana wadone telu aku, Sari lan Dessy, lanange ya telu Dika sing dadi ketua,Dadang lan Riko. Aku saka fakultas bahasa dhewe, Sari lan Dadang saka MIPA nanging beda jurusane Sari Biologi dene Dadang Matematika. Dessy bocah jurusan Geografi, Dika Olahraga lan Riko tekhnik mesin. Sari bocahe jilbaban gedhe kaya bocah-bocah MIPA liyane, Dessy bocahe rada kemayu, dandanane ya mesti lengkap lan modis. Dika awake gagah, ireng manis, irunge mancung lan grapyak. Dadang bocahe menengan, praupane rada kaya chinesse, awake lemu. Riko bocahe gagah, putih yen tumprap bocah lanang nanging sombonge ora kira-kira. Aku dhewe ya kaya mangkene, kandhane bocah-bocah paling criwis lan ora jaim babar blas.
Dina iki dina minggu aku lan Dika rencanane arep menyang pasar tuku kebutuhan kanggo ngajari masyarakat desa sesuk senin. Dika wis manasi motore nalika aku lagi bae rampung adus, kaya biasane wetuku kanggo dandan cukup sedhela bae. Nganggo kaos oblong lan celana jeans wis kaya dadi identitasku, ditambah sepatu kets sing wis kucel merga ora tau dikumbah. Ya pancen kaya mangkene iki aku, ora tau aneh-aneh.
“Wis siap?”
“Wis, ayo gek ndang mangkat bae, mengko selak udan”
“Oke tuan putri..”
Ora kaya biyasane, olehe nglakokake motor Dika katon alon-alon banget. Ing batinku iki di sengaja ben dheweke bisa suwe-suwe boncengke aku. Perjalanan sing biyasane 15 menit dadi 20 menit. Pasar sing tak parani aku lan Dika kagolong pasar gedhe ing daerah kana, swasanane katon rame banget kaya ing pasar-pasar liyane. Bubar oleh barang-barang sing dibutuhake Dika ngajak aku sarapan, awit esuk aku pancen durung sarapan.
Kayata Dika ngerti apa kang dadi kasenenganku. Dheweke ngajak aku mangan gado-gado ing warung pinggir pasar. Gado-gado pancen panganan faforitku, mulane ora usah kaget yen ndelokke aku cepet banget ngenteake gado-gado.
“Kesel apa ora kowe Rin?”
“Oralah, wong gur muter-muter pasar bae kok. Kowe kesel pa?”
“Ora kok, piye nek bubar iki jalan-jalan dhisik?”
“Nangdi? Apa kowe ngerti daerah kene?”
“Jarene neng desa Kaliasat ana curug cilik, pemandangane ya ora kalah karo grojogan sewu”
“Alah sok tau kowe kayata wis tau mrana, ndi kuwi desa Kaliasat?”
“Pasar iki ngulon rong kilonan jare, ya njajal bae aku ya durung tau mrana kok. Piye Rin?”
“Ya, okelah kalau begitu. Itung-itung jalan-jalan he…he..”
“Ya siphlah pokoke, pacarmu ora nesu to Rin?”
“Alah…biasa pacarku kuwi wonge nyante kok, la pacarmu kuwi? Apa ora nesu?”
“Kan dheweke ora ngerti to? He…he…”
Dika lan aku pancen ya wis padha-padha duwe pacar. Nanging wis kaya adat pancen, nek KKN kok ora ana cinlok kuwi ora seru. Pacare Dika uga padha-padha KKN nanging dheweke oleh ing kabupaten Pekalongan. Dene pacarku dhewe, Argi kuliah ana pelayaran uga ing kutha Semarang. Argi percaya yen aku bisa njaga awakku ana ing panggonan KKN, dheweke ya nileki aku yen pas libur.
Rampung mangan gado-gado aku lan Dika banjur dolan marang Curug Lima, jeneng curug sing ana ing desa Kaliasat. Dalan marang curug Lima jebul wis rusak parah, mula aku bola-bali mudun saka motor amarga wedi tiba. Jarake ya pancen rong kilo nanging wektu kanggo nempuh nganti limalas menit amarga dalane wis rusak lan jeblok bubar udan mau bengi.
Ora sumelang pancen ndeloke pemandangan curug Lima yen dibandingke karo perjalanan tekane kana. Ora ngerti ana apa, tekan curug atiku krasa ora kepenak. “Dolan ora kandha-kandha karo cah-cah” ngono pikirku sing ndadekake atiku ora kepenak.
“Eman-eman ya curug apike kaya ngene kok ora di rawat”
“Ya ngene iki pamerentah jaman saiki sing dibangun mung pusat-pusat kutha bae, jarene bangun desa bali ndesa. Nanging kasunyatane ya bangun kutha bali kutha.”
“Untung aku nggawa Camera ya Dik, dadi bisa foto-foto he..he..”
“Pancen hobimu kuwi narsis-narsisan ya Rin?”
“Ha…ha… ngilangke stress Dik”
“Kene tak jepretke kowe ngadekka ana kana” perentahe Dika karo nunjuk watu ing ngisorcurug.
Prat..pret..prat..pret..wis pirang-pirang gambar sing wis di jupuk nganggo kameraku. Wis puas rasane jeprat-jepret awit mau. Aku lungguhan karo mangan keripik kentang sing digawa mau sakdurunge mangkat. Dika asyik nguthek-uthek kameraku. Curug kuwi uga ana pengunjunge, nanging kena mung kena dieting nganggo tangan. Sinambi ngentekake kripik aku ndeloki pemandangan curug Lima tekan endi-endi. Saka kadohan aku weruh jejaka kang lagi ceprat-cepret nganggo kamerane. Kayata aku kenal jejaka nganggo kaos putih kae senajan weruhe saka mburi. Penasaran aku nyedak jejaka kuwi.
“Satya??” celathuku alon-alon wedi nek krungu jejaka kuwi. Nanging kayata jejaka mau krungu celathuku banjur noleh, aku nunduk rada isin.
“Lhoh….Arin to?”
“Iya, kowe kok neng kene?”
“La wong omahku cedak kene kok, sakjane lakyo aku to sing takon. Kowe kok bisa tekan kene?”
“Aku KKN ana ing desa Nggeneng Sari, limang kilonan nek seko pasar. Ngerti to kowe?”
“Yo ngertilah kancaku ya akeh sing seko kana, karo sapa kowe mrene?”
“Kae karo kanca KKNku mau bubar blanja ning pasar banjur dolan mrene sisan. La kowe dhewe karo sapa?”
“Aku dhewekan kok, sih pengen golek panggona sing enak bae he…he… kepriye kabarmu?”
“Alhamdulillah apik, la kowe piye?”
“Ya, kaya sing kok delok iki, lumayan apiklah”
“Kok lumayan?”
“Ya, mending kok tinimbang elek, ya apa ora?he..he…”
“Rin, wis jam lima iki..” Dika bengoki aku saka kadohan.
“Ya, sek sedhela”
“Ya wis Sat, aku mulih dhisik yo. Kapan-kapan dolan ning poskoku!”
“Ok, ngati-ati yo Rin”
Jam lima klewat limang menit aku mulih seko curug. Dika bola-bali takon sapa wong sing tak jak guneman mau. Aku mung njawab yen kuwi mau kancaku nalika SMA banjur pindah ana kene. Nanging Dika ora percaya, kayata wis ngerti apa sing ana ing atiku. Satya kuwi pancen mantan pacarku nalika isih semester 3. Dheweke kuliah ana ing Solo, merga jarak kang adoh mau banjur putus. Rasa tresnaku marang Satya pancen isih ana, la wong saben bubar sholat aku isih donga muga-muga Satya kuwi dadi jodoku.
Wis arep patang puluh dina olehku KKN ana desa Nggeneng Sari, ateges kurang limang dina maneh wis rampung. Kegiatane ya mung ngono-ngono bae, mboseni. Aku lan Dika uga saya raket saben dina mesti runtang-runtung bareng wong loroan. Kepenak pancen ning panggonan sing asring kaya ngene iki ana wong sing tansah saben dina nggatekna awak. Nanging aku ya kadang ora kepenak, apa maneh yen Dessy wis pasang ulat ora kepenak durung yen pak Lurah sing omahe tak di enggoni ngejaki metu wong loroan. Arep nolak rikuh arep ora nolak uga rikuh.
Dina setu iki aku lan kanca-kanca KKN ing poskoku arep plesir menyang Sendang keongan, kira-kira 17 km saka Purwodadi. Kegiatan KKN ku ya mung ngene iki plesir-plesir, nongkrong, kegiatan intine mung kadang kala. Mangkat saka posko kira-kira jam wolunan, kabeh pada boncengan loron. Kaya biyasane aku karo Dika, Dadang karo Sari lan Riko karo Dessy.
Ana sendang aku sakanca kecehan kaya bocah cilik-cilik. Ora keri narsis-narsisan mesthi wajib apa maneh kanggo aku sing nengdi-nengdi gawa kamera. Bareng wis kesel banjur mentas nggolek panganan amarga wetenge wis padha luwe. Sakdurunge bali Dika ngejaki aku marang toko buku disik, aku ngerti yen alesan marang toko buku kuwi kareben dheweke bisa suwe-suwe karo aku. ora nyangka sakbubare menyang took buku Dika nembak aku. Aku ya kandha yen aku wis duwe Argi, nanging Dika gelem dadi pacar kapindhoku. Dika uga wis duwe pacar, mula iku aku lan dheweke banjur sepakat HTSan bae.
Jam 4 sore aku lan Dika lagi bae tekan posko, kanca-kanca liya wis tekan rada mau. Dessy sinis karo aku nalika ngerti aku bali keri karo Dika. Dessy pancen ngatonake banget yen dheweke seneng marang Dika. Saben dina mesti nyedak-nyedak Dika sing melu nonton bal, melu maen PSlah pokoke werna-werna. Sakwise adus lan resik-resik awak bakda maghrib aku banjur turu merga kekeselen uga njaga kesehatan supaya ora gampang kena lelara. Durung ana setengah jam anggonku nyelehake awak, Sari nggugah aku jarene ana wong nggoleki aku. Sapa sing nggoleki aku ana kene, ora mungkin yen Argi dheweke ora mrenen minggu iki.
“Sapa to Sar?”
“Ora ngerti aku, kandhane kancamu ngono. Saka posko liya mungkin Rin”
“Hai… Rin..”
“Mmm….Satya?? kowe kok bisa tekan kene?”
“Aku lak wis kandha to omahku ora adoh saka kene he,,,he… Sorry yen ujug-ujug teka ora ngabari, aku ora ngerti nomermu”
“Iya ora apa-apa kok, seneng aku kowe isih eling marang aku he…he…”
“Ya elinglah, siji-sijine wong sing wis tau jujur ngungkapke katresnan marang aku”
Aku mung mesem semu isin krungu omonge Satya
“Piye KKNe kepenak apa ora?”
“Ya ngene iki kadang mboseni, kadang kepenak. La awakmu ora ning Solo to?”
“Sesuk aku mangkat, sewulan maneh magang iki ”
Singkat crita Satya ngajak aku metu jagongan ana warung jagung bakar, rasane seneng ketemu maneh karo wong sing wis tau ditresnani.
“Pancen bener ya Rin, jodo kuwi ora nangdi-nangdi”
“Maksude piye Sat?”
“Ya, kowe iki to, nyatane aku bisa ketemu maneh karo kowe. Kelingan to biyen nalika aku ngeterke kowe ing Tirtonadi aku kandha apa?”
“Yen jodo lak ya ketemu maneh ngana to? He..he… iya to”
“Iyo, pacarmu wong endi saiki?”
“Hmmm…. bocah pelayaran, la kowe piye?”
“Durung duwe, aku ngenteni kowe ngono kok ha…ha….”
“Halahh….play boy kayak owe kok ora duwe pacar?”
“Aku wis tobat ya Rin, ora kaya biyen maneh”
“Alahhhhhhhhhhh……….”
Minggu esuke aku dijak metu karo Satya, mubeng-mubeng kutha Purwodadi. Banjur menyang omahe dheweke, ora ngira sakdurunge yen aku arep dikenalke marang ibune Satya. Ibune katon bungah lan grapyak marang aku. Satya pancen wis ora duwe bapak awit cilik mulane dheweke sayang banget yen karo ibune. Ibune ngira yen aku pacare Satya jarene mung aku kenya sing wis tau digawa mulih Satya. Seneng atiku krungu mangkono, sanajan Satya saiki wis ora dadi duweku meneh.
Apa sing njalari rasa katresnan iki ana maneh, aku uga ora ngerti. Dungaku marang Gusti saben bakda sholat kayata wis dadi kasunyatan. Nanging yakuwi ora pas karo kasunyatane, saiki aku isih karo Argi. Jejaka sing wis setahun iki tak pacari, dheweke ora mangerti yen sakwene aku nyimpen katresnan liya. Aku ora tega yen wayuh karo Satya, Argi kuwi wis setya tenan marang aku.
“Rin, apa kowe gelem yen tak dadeake pacarku maneh?”
“Hmmm…. kepriye ya, aku sejatine ya isih tresna marang kowe. Nanging ngerti dhewe to, aku saiki wis duwe pacar. Aku ora bisa yen ninggalke dheweke, dheweke wis setya marang aku. Apa ya pantes yen tak blenjangi??”
“Upama aku dadi selingkuhanmu piye? Aku wis kebacut tresna marang kowe”
“Apa ya bener kandhamu iki. Wis kebacut tresna kok ngilang tanpa kabar? Yen rasa tresna tak akoni tresnaku marang kowe isih wutuh kaya biyen. Nanging aku ora bisa yen selingkuh, jaremu yen jodo lak yo ketemu maneh to? Muga-muga bae ndhewe iki jodo”
“Amien… muga-muga bae. Ngapa biyen aku ora nuruti kepengenanmu pacaran jarak jauh ya? Aku biyen pancen goblok, nuruti hawa nepsu tog.”
“Wis ora usah mlengo sing uwis-uwis, saiki dunga bae muga-muga dhewe di temokke maneh nalika dhewe isih padha-pdha dhewe.”
Patemon minggu kuwi ninggalke kenangan endah tenan. Satya pamit menyang Solo ninggalke tresna ning atiku. Aku ora kuat nahan luh rikala dheweke pamit karo mrabang. Bocah kang duwe perawakan cilik dhuwur kuwi wis nggawe atiku mobat-mabit tenan.
Minggu terakhir KKN iki prasasat kaya limang taun. Aku isih mikirke Satya bae, mangka sedhela maneh aku kudu mulih Semarang lan ngundhuh katresnan maneh karo Argi.
Wis seminggu iki aku bali maneh menyang Semarang. Kaya sakdurunge KKN aku lan Argi isih tetep mlaku bareng katresnan. Nanging saiki aku uga kerep dolan karo Dika, senajan to Dika ya wis duwe pacar. Dika ora njaluk apa-apa saka aku mung dheweke seneng bae yen bareng aku.
“Rin, kowe kok saiki kerep ngalamun to? Apa ana masalah?” kandhane Argi nalika kencan malem minggu.
“Ora ah, biasa bae. Aku apik-apik bae kok Gi”
“Tenane? Aku ngerti yen kowe ki lagi ana masalah”
“Ora kok Gi, aku mung judek bae PPLe ora rampung-rampung”
Argi ngerti yen ana sing tak pikirke nanging aku ora crita marang dheweke. Aku wedi yen dheweke kuciwa marang aku. Satya pancen isih ngebaki pikiranku sakwene iki. “Duh Gusti yen pancen Satya kuwi jodoku temokna maneh ning liya kesempatan sing aku lan dheweke bisa bareng” ngana dungaku saiki.










2 komentar: