Tugas Gita wis rampung nalika mobil si Riko metu saka pager lan menggok ning pojok gang, ngilang. Jam pitu esuk Gita nutup lawang pager lan mbalik maneh ing kamare ing lantai loro. Seka kamar kono Gita bisa ndelengi blok-blok perumahan lan dalan sempit ing tengahe. Dalan sing saben esuk Gita ndelengke Riko mangkat kerja nganti tekan ilange.
Isih akeh wong kang lewat ana dalan kono, wong lanang nganggo seragam dinas coklat, Wadon nganggo setelan biru lan blazer kayane pegawai bank, kenya ayu-ayu nganggo jeans lan kaos kaos casual lan bocah-bocah SMA nganggo putih abu-abu karo ngekep buku lan nggendong tas mlaku bareng-bareng katon endah dideloke. Gita bakal suwe ndeloke bocah-bocah SMA kuwi tekan dalan ngarep omahe kuwi sepi.
Gita teturon ning kasur karo mbayangake bocah-bocah SMA mau. Ing pikirane Gita bocah-bocah SMA mau mungkin lagi ngenteni gurune masuk sinambi maca-maca buku, nggarap tugas nanging sing paling akeh mesti padha crita dhewe-dhewe. Sing wadon crita babagan lanangan sing lagi dadi idola sing lanang uga sakwalike.
Pitung taun kepungkur Gita isih dadi bagian saka bocah-bocah mau sakdurunge ujug-ujug dadi bojone Riko.
***
Gita isih kelingan nalika bapak lan ibune ngajak rerembugan bareng karo dheweke. Adhi-adhine Cindy ,Lidya lan Aurel padha mlebu kamar dene Andre milih dolan karo kanca-kancane.
Awite crita babagan kebutuhan kaluwarga sing saya akeh terus tekan pagaweane bapak ing kantore. Gita mbayangke ibune bakal crita babagan kemunduran-kemunduran pagaweane bapak. Nanging crita banjur dibacutake bapak, bapak luwih akeh crita babagan pagaweane ana ing bagian pemasaran kang saiki ngalami kemajuan-kemajuan pesat.
Pamicarane bapak sing kaya mangkono ndadeake Gita kepingin takon nanging kok bapak kayata ora bisa disela malah dibacutake crita babagan atasane sing sukses duwe perusahaan nengdi-nengdi, kaluwargane sing diajeni wong merga kabecikan lan kalomanane. Kabeh anggota kaluwarga mau dadi wong sukses kabeh termasuk atasane bapak. Lan nalika crita bali maneh ning majikane mau bapak nutup crita karo “Nanging yakuwi nganti tekan arep patang puluh taun iki dheweke durung duwe bojo”
Wektu kuwi Gita rasane ora kepenak atine dag dig dug ora nggenah. Bapak lan ibune njaluk Gita supaya gelem krama karo pak Riko. Biyen pak Riko wis tau nembung arep ngepek Gita marang bapak ping pirang-pirang nanging bapak mung meneng bae. Saiki bapak ora kepenak yen arep nulak merga sebagian barang ana omah iki termasuk biaya sewane kabeh sing nanggung pak Riko.
Dunya iki kaya lindu kanggone Gita keprungu yen dheweke arep dikawinke. Dheweke mung bisa nangis ning kamar. Kawin?? Kelas 2 SMA?? Karo pak Riko?? Kayata dunya iki mung ngimpi kanggone Gita. Nanging apa sing ora tau dibayangake kuwi dadi pranyata, Gita dadi bojone pak Riko.
Malam pertama Gita wedi banget marang pak Riko, nanging ora ana apa-apa ing wengi kuwi. Riko malah ngungkuri Gita, sesuk ne’e mikire Gita nanging sesuke ya padha bae yen ana ing kamar Riko mung ngungkuri Gita. Apa sesuk yen wis ngalih umah anyar ne’e? Mikire Gita.Tekan seprene Gita ngenggoni omah elit iki ya ora kadadean apa sing diwedeni, malah Riko luwih kerep turu ing kamar ngisor.
***
Ing omah elit kuwi Gita pancen ora duwe pagawean, dheweke mung mubang-mubeng ora jelas. Pagaweane wong wadon kayata masak, umbah-umbah, resik-resik omah kabeh wis ana sing nandangi. Wis tau Gita njaluk marang Riko supaya ora usah ngingu rewang akeh-akeh kareben Gita duwe gawean naging Riko malah ngomong “Aku ora kepengen kowe repot Git”
Sing gawe pangganjel ana ing atine Gita yakuwi Riko sing kerep nggawa bali kanca lanange lan dijak nginep sekamar karo dheweke. Ora mung sepisan nanging meh saben minggu malah saya suwe saya kerep. Gita meneng bae ndeloke Riko sing aneh kaya mangkono jalaran dheweke ora nduweni rasa tresna marang Riko.
Sejatine warga sekitar kono ya wis padha ngerti yen kaluwargane Riko kuwi ora seharmonis kaya sing katon saka njaba. Wong-wong sing biyasa tongkrongan ana ing warung pojok gang kae ngerti yen saben wengi Riko nggawa bali gigolo lan ngeterke bali maneh yen wis esuk. Nanging sing nggawe warga meneng bae amarga Riko kuwi lomane ora jamak. Kabeh prasarana ana kampung kene kabeh sing dadi donatur ya Riko.
Gita perlu perjuangan sing ora sithik nalika njaluk ijin marang Riko supaya dheweke melu ngurus panti sosial duweke Riko. Saiki Gita wis bisa metu saka omah kuwi sanajan mung ing panti, nanging dheweke ya kadang mlaku-mlaku ing mall karo blanja kaperluan panti. Dheweke pancen isih bocah enom umure ya isih 25 taun, isih wektune dolan-dolan.
Ing salah sawijining dina krasa bosen merga uripe mung ana ing omah lan panti tog. Dheweke banjur metu nonton pameran komputer ana ing Java Mall dhewekan. Ora ngira ora nyangka yen ing kono dheweke banjur ketemu Ryan, pacare nalika SMA.
“Nengdi bae kowe kok seprene ora keprungu kabare? Kangen aku karo kowe Git”
“Aku wis mbojo Yan, nanging ya kaya ngene iki, isih kaya legan bae. La kowe dhewe saiki nengdi?”
“Iki alhamdulillah aku wis oleh pagawean ana perusahaan swasta, ya lumayan sih posisine”
Amarga saka patemon ing dina kuwi Gita lan Ryan banjur kerep ketemu, nonton bareng, jalan-jalan bareng. Ya kaya bocah ABG sing lagi kasmaran bae, yen ora keprungu kabare sedina bae kaya sewindu. Ryan paham apa sing dirasaake Gita, duwe bojo kang ora normal. Gita blaka yen karo Ryan, ora ana sing diumpet-umpetke.
Riko ora ngerti apa sing dilakoni Gita, dheweke isih tetep biasa. Sakngertine Gita saben dina ya mung uplek-uplek ana panti bae. Kluwargane pancen ora harmonis ora tau ana guneman babagan anak apa maneh muni kepingin duwe momongan.
Gita sejatine kepingin kandha marang maratuwane nanging dheweke wedi yen maratuwane ngerti yen anake kuwi ora normal. Arep kandha marang bapake uga ora kepenak. Mangka dheweke wis duwe tetepungan serius karo Ryan.
“Apa ya salah yen aku kaya ngene to Yan?”
“Ora to, la wong bojomu kuwi jelas-jelas ora normal”
“Nanging aku wedi kandha marang maratuwaku yen anake kuwi ora normal”
“Uwis ora apa-apa Git, ben mlaku kaya ngene disik. Ben sing ning dhuwur sing ngatur, upama aku karo kowe jodo mengko lakyo ana wektune to?”
“Nanging aku ora kepenak Yan karo apa sing tak lakoni iki”
“Uwis ora apa-apa”
Tekan seprene kaluwargane Gita sing ora harmonis iki isih mlaku. Riko asyik karo wong lanang liya dene Gita ya isih tetep raket karo Ryan. Mung sing paring urip sing ngerti apa kang bakal kadadean.Bebrayan sing mung katon saka njaba, kabeh jebul ngapusi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar