Sabtu, 18 Desember 2010

Karin


Aku lagi bae tangi nalika jam weekerku wis nunjuk angka 08.13. Kutha Solo katon mendung lan gerimis ora kaya biasane. Hawa adem lan seger mlebu liwat sela-sela kaca jendela sing ora katutup kabeh. Shalat subuhku wis klewat kaya biasane. Aku muslim nanging ora taat, yen wis ora subuh yo ora sholat liyane kuwi prinsipku. Nyuwun pangapunten Gusti.
Dina iki umurku genep 20 tahun, isih kecatet dadi salah sawijining mahasiswa ana kampus swasta ing Solo. Umurku pancen isih cilik nanging aja salah, wis pira bae kenya sing tak gauli. Tantri, Ninik, Heni, Monika, Lily, Dian, Suci, Ambar, Dessy, Vera lan sing terakhir Gita. Kayata aku ninggalke sholat, aku uga wani nglakoni dosa-dosa kaya mangkono. Aku percaya ana swarga uga ana neraka, dadi aku ora tokoh antagonis utawa protagonis. Aku mung menungsa biasa sing bisa khilaf. Sakluwihe ya mung sing gawe urip sing ngerti.
Kenya-kenya sing tak gauli kuwi dudu sundal utawa ayam-ayam kampus, aku uga macari kana. Wis kapetung pira bae pacarku 2 taun iki. Miturut panggrahitanku aku wani nglakoni kaya mangkono amarga aku pancen tresna tenan. Aku ora seneng “jajan” nanging yen ndelokke kenya ayu sithik gampang kepencut atiku.
Apa sing njalari aku bisa dadi kaya mangkene aku yo ora mangerti. Nanging dak kira amarga ibuku, wiwit cilik aku wis ditinggal ibuku menyang Saudi. Seprene aku durung tau mangerti kaya apa praupane ibuku kejaba saka foto sing ana ing dompete bapakku. Wiwit ngerti yen ibuku wis ninggalke aku lan bapakku uga terakhir keprungu kabar yen ibuku wis kakaluwargan ana ing Saudi kana. Aku dadi sengit karo apa sing jenenge wong wadon. Pancen saka njaba katon kepenak disawang, nanging miturutku atine padha kabeh, padha karo ibuku.
Jam 08.30, pandom abang ing  wekkerku muni. Rencana aku arep tangi jam setengah sanga nanging jam 08.13 aku wis melek. Aku ora ana kuliah esuk iki dadi sengaja aku tangi awan-awan. Kanthi ora semangat aku njupuk anduk sing nyampir ana ing buri lawang lan nileki Hpq, ana 13 sms lan 5 miscall kabeh ngucapke ulang tahun. Wis dadi pakulinanku yen adus mesthi suwe, jare Akbar kanca sakkontraanku kaya bocah wadon.
Ngrokok sinambi ngguwak hajat pancen kepenak, bisa tekan 3 glintir tak entekke ing kamar mandi. Sinambi ngalamun, ngalamun miturutku surgane dunya. Aku bisa tekan ngendi-endi yen ngalamun. Bisa mbayangke wajah ibu, sing miturutku wanita nganggo terusan abang lan mas-masan nyantel ana ing tangan lan gulune. Wujud wong bengis.
Aku seneng ngilo ana ing kamar mandi, ngresiki wulu-wulu kasar lan ndeleng praupanku. Ya..ya… pancen aku ganteng, ora salah yen wong wadon gampang tak rayu. Alisku kandel, mripat sedeng nduweni theleng warna coklat enom,irung mancung nanging rada menceng, lambe tipis lan garis wajah sing jelas, kulit resik awakku ya lumayan gagah ora kalahlah karo Vino Bastian, sempurna. Wis piro wae kenya sing tak lumat lambene, akeh sing penthile wis tak jilat lan tak lumat nggawa lambe lan ilatku. Terakhir isih ana bekas cokotan Gita ing lengen sebelah kiwaku.
Adus ah…ben seger awakku. Sabun Nuvo cair tak gosok-gosokke ing awakku sing jarene atletis. Pantes bae si Dyan seneng banget yen tak sikep. Aku seneng mbayangke sing aneh-aneh rikala adus. Mbayangke nalika Dessy nangis kelaran, aku dadi ngaceng. Rambutku tak kramasi nganggo shampoo cool, seger tenan rasane. Aku bubar adus jam 09.15, suwe tenan olehku ing kamar mandi.
Jam 09.42 aku wis rapi nganggo kemeja garis-garis coklat lan celana jins. Tas punggung sing isine laptop, camera digital lan lembaran-lembaran kertas uga tak siapake kanggo kuliahku mengko jam 11.00. Nginguk jendela isih grimis,aku males metu. Nanging wetengku krucuk-krucuk, aku nggolek panganan ana ing frezzer cilik kang mapan ana ing pojok ruang tamu. Nemu roti tawar 4 lembar lan selai kacang, lumayan bisa kanggo ganjel weteng.
Sinambi ngenteni jam 11.00 aku nyetel TV, pawarta babagan merapi pancen isih dadi pawarta sing hot wulan November iki. Nanging aku ora seneng nonton pawarta suwe-suwe, chanele banjur tak ganti acara musik sing luwih sreg ning atiku. Ndeleng Alexa Key sing lagi manggung pancen nggemesake, kenya ayu pentolan Republik Cinta kuwi pancen apik swarane.
“Totot..totot tu ada bunyi sms macam” nada dering ponselku nggugah aku sing lagi konsentrasi ndelengake Alexa Key. Sms saka Karin, kenya saka Semarang sing wis pirang minggu iki ngaku yen seneng karo aku.
Aq ws neng Solo, kpn bsa ktemu?
Aq kul tkan jam 1, nku jam 1 kwe tk enteni neng gerbang kmpusq.
Ok,
###

Kuliyah fotografi pancen mata kuliyah sing tak senengi jalaran pancen hobiku yo poto-poto. Yen ana objek unik sithik hasrat fotografiku langsung metu. Ora kaget yen mbuka tas punggungku mesthi isine ya mung laptop cilik karo kamera digital biru marun. Saiki aku lagi kepengen jupuk gambar ana ing tatune merapi sing njeblug wingi. Nanging tak kira kok ora wangun yen aku malah enak-enak jupuk gambar ana kana, la wong liyane bae pada dadi relawan.
“Beb, aja ngalamun terus to!” kandane Dyan, kenya ayu sing uga wis tau tak gauli.
“Enak kok beb..” jawabku karo ngelus rambut dawane Dyan, tanganku pancen ora bisa anteng yen ana bocah wadon ing sisihku.
“Bubar iki ana acara ora beb?”
“Ehm….aku ana janji wisan, piye?”
“Alah…cinta-cintaan mesthi a beb?”
“He..he… biasa”
Aku karo Dyan pancen ora kaya karo mantane, biasa bae senajan dheweke wis tau tak larani lan tak jupuk prawane. Kadang aku bingung, kok bisa dheweke kaya mangkono. Biasane kenya sing wis tau tak gauli mesthi ngadoh karo aku la nana rasa ora apik. Dyan uga wis duwe pacar senajan beda kampus, nanging isih padha-padha sak kutha.
Jam 13.00 aku metu saka kampus arep nemoni kenya sing wis adoh-adoh saka Semarang mung arep nemoni aku. Rada penasaran pancen karo dheweke, nalika biyen jaman SMA ya wis tau ana sesambungan, nanging durung ngancik pacaran aku wis pindah sekolah. Aku nembe ngerti yen dheweke uga nduwe rasa tresna marang aku, biyen pancen aku yo seneng marang dheweke.
Nganggo jaket kuning lan kaos biru sing rada amba bagian gulune nanging katutup karo syal coklat enom katon ayu pancen kenya siji iki. Karo numpak motor matic putih lily. Awake ya sintal enak “dijak perang ning kasur” pikiran alaku metu. Kenya kang duweni jeneng Karin iki banjur tak ajak marang kontraanku.
“Kepriye saiki wis ketemu to?” pitakonku mbuka pamicara.
“Ya iki, aku arep mbuktiake yen aku bisa tekan kene merga katresnanku” jawabe lugu.
“Wis ngono tok?”
“La kepiye? Aku kepengen krungu tanggepane kowe kaya apa?”
“Ya kaya sing wis tak omongke, kowe bisa mbuktikake apa ora?”
Aku pancen njaluk bukti katresnan marang Karin, yaiku aku kepingin nggauli dheweke kanggo bukti yen dheweke pancen tresna marang aku. Aku salud karo kenya siji iki, wani ngomongake rasa katresnane. Nanging kayane dheweke tetep ora gelem yen tak gauli.
“Kok meneng?” pitakonku marang Karin.
“Aku ora bisa nuruti apa kang dadi panjalukku, kanggoku kaya mangkono kuwi pantangan kanggo aku. Aku durung arep nglakoni kaya mangkono yen aku durung nikah. Sing kepingin aku ngerti, kowe iki nganggep aku kepriye to? kowe uga tresna menyang aku apa ora?”
Ah…pitakone Karin nggawe aku mrinding, sakwene iki aku mung seneng bae karo mantan-mantanku. Ora ana rasa sing kaya tak rasaake saiki, nanging aku kelingan maneh gambaran wong wadon jahat kang kaya ibuku. Kenya sing lagi turon ing sisihku iki pancen sempurna, rambut dawa lurus, kulit kuning, dhuwure kira-kira 155cm cocok yen mlaku karo aku.
“Dadi intine, kowe ora gelem nglakoni apa sing tak karepke?”
“Iya, lha rasamu marang aku kaya apa?”
“Tak akoni aku pancen  tresna marang kowe, nanging dak kira ora segedhe tresnamu marang aku”
“Hmmm…. Yo wis yen mangkono. Kena apa to kowe kok ndadak gawe syarat kaya mangkono?”
“Ah… aja takon kaya mangkono Rin, kowe durung tau nglakoni dadi durung mangerti kaya apa rasane nglakoni kaya mangkono.”
“Kowe tau trauma ya marang bocah wadon?”
“Ora, nanging aku ora seneng karo sing jenenge wong wadon!”
“Haaa…. Bisane??” Karin sajak kaget karo omonganku sing keceplosan.
Singkat crita aku banjur ngajak Karin dolan menyang Solo Grand Mall, pusate blajan masyarakat kutha Solo. Karin katon seneng banget tak jak mrono, dheweke kayata pancen ngarepake banget aku bisa dadi pacare. Aku ora tega yen wis ngene iki. Jam lima sore wetengku wis krasa mlilit, aku banjur ngajak Karin maem ing KFC.
“Rin, wis tak pikir-pikir aku kok ya kepenak mlaku bareng kowe. Mula aku gelem yen kowe dadi pacarku” kandhaku sinambi maem fried chicken.
“Tenane Ndre? Nanging ora perlu bukti sing kaya mau to?” pitakone Karin sajak kaget campur seneng.
“Heem..” jawabku mung mesem.
Wis rong taun iki aku pacaran karo Karin, lan aku uga ora tau nggauli Karin. Rasa saludku marang kenya siji kae ndadeake lelaraku mari. Aku wis ora sengit maneh karo wong wadon amarga Karin tak anggep salah sawijining wong wadon sing becik, dadi mainsetku yen wong wadon kuwi ora ana sing nggenah wis bisa tak rubah. Aku uga wis ora di cap play boy maneh, sholatku uga wis tak lakoni ora ketung mung ping telu sedina. Aku tresna marang kowe Karin.










Tidak ada komentar:

Posting Komentar